Aku…………………..

Kaya kapuk kang kabur kanginan,

tansah kemleyang,

ngubengi jagad,

mubeng tanpa kendat.

Kaya bledug lemah,

kang kepidak dening kahanan,

Kaya tuma sak jroning rikma,

kang dibuang dening kahanan.

Kaya suket sak jroning tanduran,

kang didanger dening kahanan.

Kaya glandangan,

kang ora uman papan.

Kaya dangkal sakjroning awak,

kang dibuang dening kahanan.

Kaya uler sakjroning woh-wohan,

kang dipateni dening kahanan………………

Nanging kabeh ra tak gagas,

urib neng ndonya amung saderma nglampahi,

manut titahing Gusti,

kang Nguasani Jagad.

Ikuti

Get every new post delivered to your Inbox.