Tumekaning Jaman

Wong Jawa kari separo,

wong londho kari sajodho,

apa wis tumekan ing  jaman,

deleng kahanan sakiki.

Akeh wong kang lali marang kabudayan,

akeh wong kang lali marang unggah-ungguhing pakarti,

akeh wong kang ra bisa basa,

akeh wong kang ra ngerti tata krama.

Apa wis tumekan ing  jaman,,,,

Duh eyang,,,,,,

kabudayan wis kagerus jaman,

jaman kang ra dwe paugeran,

jaman kang sarwo tumindak cuwa,

jaman kang awatak kewan.

Duh eyang,,,,,,,,

apa wis tumekaning jaman,

wong Jawa kari separo,

wong londho kari sajodho.

Simbok……

Simbok………….
Mergo simbok aku ono ing ndonyo
Sangang sasi sepuluh dina, aku tak gowo ngandhi2
Awan wengi tanpo kendat ngopeni
Jabang bayi sing tak anti2.

Simbok………….
Saiki aku wis ora koyo wingi uni
sing bisane nagis njaluk pitulungan
ora nggagas awan lan wengi
nyediani opo sing tak karepke.

Simbok………….
Gedhe pangapurane mring putramu
Tindak tanduk sing gawe ngungkut
Tutur sing nglarani ati
Mung bisane gawe kuciwo

Simbok………….
Sugeng dinten Ibu
Mugi tansah kanugrahan dumateng panjenengan
Lan putaramu iki
Soko Pangeran Kang Moho Mirah lan Asih

(mengeti hari Ibu)

Sing Kleru Dudu Sing Ndaku

dening Bondan Nusantara

Dhadha muntab pindha geni mubal-mubal

Nyipati karyane bangsa didhaku liyan

“Iki budayaku-Dhudu budayamu”

Guyu nggleges lirih kaprungu

Ing setengahe mripat pendingaran

Binarung kepelan tangan ngathungi antem

Aja nuruti hawa ngumbar nesu

Sing kleru sejatine dudu sing ndaku

Nanging sing ra gelem ngopeni lan memetri

Mergo kagubet perkara kadunyan lan penguasa

Ora idhep sejatining kasunyatan

Yen wargane sing ndaku lan sing didhaku

Mancawarna suku lan bangsane

Pindane sedulur tunggal bapa seje ibu

Ah…….  kena apa kudhu nganggo nesu?

Pupuh Sinom

(karipto dening R Ng. Ranggawarsito)

Amenangi jaman edan,

ewuh aya ing pambudi,

melu edan nora tahan,

yen tan melu anglakoni,

boya keduman melik,

kaliren wekasanipun,

dilalah kersa Allah,

begja-begjane kang lali,

luwih begja kang eling lawan waspada

Werdining Katresnan

Werdining katresnan punika
rerakit lumampahing mangsa kang ngukir lembaring dalu rina
kang sinerat dening Gusti.

Werdining katresnan punika;
reroncening trenyuh kabagyan,
kang medal saking panangis lan gumuyu,
trus rumesep ing telenging kalbu.

Werdining katresnan punika;
angaksami tumrap sadaya kalepatan,
nampi samukawis klentu pakarti tuwin sisiping pitembung.

Werdining katresnan punika;
sabar sareh ugi nampi samukawis panandhang
lamun pedhut pacoban hanelahi, katresnan kinarya pepadhang.

Werdining katresnan punika;
rak ugi sami pitados lan manungkung jroning pangajeng-ajeng;
awit katresnan salaminipun langgeng.

Werdining katresnan punika;
peparingan Gusti Allah
katresnan kang mekar ing telenging manah,
konjuka ing Ngarsa Pepadhanipun…

(karipto : NN)

Luntur

Luntur

(dening Dalang Poer)

Jeng………

Tak tulis layang iki naliko langit kebak mendung

Gawang-gawang katon lelakon kang uwis kapungkur

Naliko tak sawang netramu ing tegal patungan

Kearas pipimu ing watu kendal

Lan tak geget latimu ing sendang glagah

Hehhh……..

Nanging ora jeng

Jebul tresnamu cetek koyo kali kebah padas

Ringkih koyo kayu gapuk

Garing koyo jati aking

Aku wis ra ngarep2 maneh jeng…….

Opo Tumon

Opo Tumon

(dening Nardlenk)

opo tumon…
yen nyawang kahanan iki,
doso wis ra reti papan lan wektu,
ganjaran swargo wis ilang kebuwang kahanan.

opo tumon…
trap susilaning agomo luntur kegerus ombyak’ing ndonyo
aurat di ler koyo dagangan neng pasar
kang biso biso disawang kabeh uwong
cilik gedhe, enom tuwo, podho wae.

opo tumon…
akeh manungso kelangan paugeran,
akeh manungso kelangan roso isin,
akeh manungso kelangan unggah ungguhing pakarti
akeh manungso kelangan ajining diri.

opo tumon…
paugeraning urip wis ra digagas maneh,
manungso wis ra biso bedhak ake salah lan bener,
nuruti tumindak iblis kang nyilakani.

Luput……..

Luput……..

(karipto dening Nardlenk)

Urip ing ndonyo koyo sak kedeping netro
Lamun siro ojo sok gembagus
Koyo menang-menango dewe
Lali sanak lali kadang
Among ngumboro watak kewan
Adhoh soko titahing gusti

Dudu duwek’e, ngaku gaweane
Kang bisane grogoti hak’e manungso
Ngeruk dwite rakyat
Kanggo nggedek’e wetenge dewe
Kang kebak laku dur angkoro

Eyang……………..
Aku kudhu kepiye…!
Ngulatke manungso kang lali marang Pangeran

Eyang………………
Aku kudhu kepiye….!
Ngulatke manungso kang lali pakartining urip

RON GARING

RON GARING

by: budhisetyawan

Wengi sansaya atis

nalika aku sesingidan ing sajroning swara gamelan

kang digawa dening angin

prasasat tan kendhat

anggonku kulak warta adol prungu

ananging isih mamring

aku wis pingin cecaketan

obormu kang makantar-kantar

madhangi jangkah lan jagatku

ana ngendi papanmu

lelana tapa brata

tanpa pawarta tanpa swara

aku kadya ron garing

kumleyang kabur kanginan

ing jagat peteng lelimengan

krasa luwih abot

anggonku ngadhepi dina-dina ing ngarep

mlakuku ora mantep

kagubet ribet lan ruwet

adoh saka cahyamu

pedhut ing sakindering pandulu

panjenengan

guruku, sihku, oborku

kancanana sukmaku sinau bab katresnan sajroning ati

Ikuti

Get every new post delivered to your Inbox.